Fic pertamaku sing nggawe boso jowo (Masang Indonesia, soale nang piliah gak nok javanese)

Wkwkwkw ( PLUAKK ! ) *dikeplak Mpu Tomino.

Disclaimer : Aku gak melok nduweni Gundam 00

WARNING : GAJE, MISUH CYNDROM

#tragedi nang bandara#

Ceritane waktu iku Graham Arker katene budal ndelok Rock am Ring nang Jerman, ketepak'an waktu iku de'e sek teko Bandara !

*nang bandara*

Graham : *mlaku plonga-plongo karo gowo weduse nang Bandara* oalah iki tah seng jenenge Bandara iku, lah kok gak ono rel'e sepur nang kene ? *heran*

Gara-gara de'e mondar-mandir thok ketmau karo gowo wedus nang Bandara, akhire Graham diparani karo Satpam !

Satpam : woi androk'e bencong !

Graham : *masang rai ngowos* sopo pak, nyeluk aku tah ?

Satpam : gak, aku nyeluk wedusmu !

Graham : *mbatin* Gatelisasi uwong iki, mosok wedus dijak omong ?

Satpam : koen katene nang endi emange, kok soboh bandara karo gowo wedus ?

Graham : aku katene budal nang Jerman pak, karo mdelok Rock am Ring !

Satpam : trus saiki koen katene nang endi ?

Graham : aku saiki lagi golek'i terminal penerbangan "Doro Airlines", kiro-kiro sebelah endi yo pak kok ketmau gak nemu-nemu aku ?

Satpam : lah iki nang ngarepmu ?

Graham : oh iyo pak suwon, trus saiki aku takok panggone Money Changer iku nang endi pak ? (Author : guaya COK Graham sok enggres)

Satpam : iki engkok koen nang'o pucuk dewe, trus ketemu toilet mbelok kanan !

Graham : nang kunu panggone Money Changer ?

Satpam : guduk, iku parkiran sepeda pancal !

Graham : *cegek* Gatelisasi uwong iki !

Satpam : saiki wedusmu tak sita, soale nang Bagasi pesawat gak nyediakno suket gawe makani wedus !

Graham : yowes nyoh pak aku nitip wedusku nang sampean ae, tapi wedusku iki lek mangan rewel dadine cukup dikek'i duwek 10ewu ae sakbendino soale de'e bakalan tuku panganane dewe engkok !

Satpam,: JANCOK, lah kok ngalah-ngalahi duwek belonjone bojoku sakbendino su ?

Graham : *ngomong nang weduse* yowes dus tak tinggal disek, koen engkok ojo rewel lek pas tak tinggal.. nyoh iki tak kek'i duwek gawe jogo-jogo mlayu lek uwong iki duwe niatan katene nyabuli koen ?

Satpam : *mbatin* uwong iki gendeng koyok'e COK ?

Graham : yowes pak, aku nitip wedusku disek yo ?

Satpam : Gatelisasi, malah ngerepoti aku ceritane iki COK -_-"

Akhire Graham budal ninggalno weduse tapi sakdurunge de'e mampir nang Money Changer disek !

*nang Money Changer*

Graham : exciyus me *karo mbengok*

Pegawai : *mbatin* lah mbok kiro aku budeg ngunu tah koen bengok-bengok nang kene ?

Graham : nyuwunsewu paklek, aku katene tukar duwek isok gak ?

Pegawai : monggo, isok kok mas !

Graham : *ngetokno duwek teko njeroh tas* nyoh mas aku tukar duwek monopoli iki, soale wingi aku mbari menang totoan skak karo Billy !

Pegawai : your eyes ripped, duwek monopoli ditukar nang kene ! *emosi*

Graham : ealah mas emane, padahal wingi aku maine sampek lali gak tak bayar kopine nang Billy!

Pegawai : yo gak usah curhat COK !

Graham : yowes mas, aku katene nukarno duwek temenan saiki ! *masang rai serius*

Pegawai : yo ngunu loh, seng nggenah sitik ! *rodok seneng*

Graham : *ngetokno duwek teko dompet* nyoh mas 100ewu, aku ijol 10ewuan telu, 20ewuan telu karo ewonan sepuluh gawe jogo-jogo engkok lek nang pesawat ono uwong ngamen !

- Pegawai : your kitchen like turtle poop COK, koen nang kene garai uwong kenek stroke ae ! *langsung mlayu metu karo nyaduk'i Satpam seng njogo weduse Graham *

-end-

Sepurone brow bagi seng gak ngerti javanese ! njalok reviwene yo

Sumber fic

FB : JANCUK KATA KOTA KITA